Wednesday, July 8, 2015

Tembang Macapat pada Acara Mitoni

Dalam tradisi Jawa khususnya di Kraton Yogyakarta acara Tingkeban ini merupakan acara sakral yang didalamnya terkandung makna mendalam rasa syukur kepada Tuhan dan doa yang mendalam bagi sang Ibu dan Anak yang dikandungnya.. Pada runtutan acaranya selalu diiringi dengan tembang/ sekar Macapat. 

Berikut ini akan saya haturkan tembang pengiring acara Tingkeban:
Sekar Pambuka :
Dhandhanggula

1.
Rinumpaka sekar dhandhanggendhis
Amurwani acara punika
Siraman pitung wulane Nyuwun marang Hyang Agung
Adicara enjing (siang, sonten, dalu) puniki
Kalis ing sambekala
Runtut lampahipun
Purwa madya lan wusana
Kula nyuwun kersoa lenggah prayogi
Tumeka paripurna

2. 
Sugeng rawuh ingkang samya prapti
Bapak ibu sutresna budaya
Raharja ing sarawuhe
Ngaturaken panuwun
Awit saking kasdu ngrawuhi
Adicara siraman 
Karya anyenyuwun
Ing Ngarsa Dalem Pangeran
Mugi Gusti paring nugraha sayekti
Tinebihna rubeda

Kekudanganing wong tuwa marang anak:
Sinom

1.
Warna catur kang pinanggya
Ing brayan agung puniki
Kang dhingin mangertenana
Putra dadi tur mangerti
Tan ngerti bisa dadi
Iku kaping kalihipun
Mangerti nora dadya
Punika ingkang kaping tri
Nora ngerti nora dadi kang kaping pat.
2.
Lamun dadi numpuk bandha
Nggennya wekel amakarti
Saben ratri klawan rina
Kinarya cukup pribadi
Sinartan manah suci
Bekti mring tyang sepuhipun
Kang kaping kalihira
Nadyan dadi nora ngerti
Sugih bandha nanging tan ngerti wong tuwa.
3.
Aran ngerti nora dadya
Mring wong tuwa tresna asih
Datan bisa atur brana
Amarga uripe miskin
Taksih katingal becik
Tinimbang suwalikipun
Tan ngerti nora dadya
Nora mbandha ala budi
Apes temen wong tuwa manggih nalangsa.

mungkin sementara itu dulu sedulur sekalian..hendak ronda dolo..

1 comment :

Rahman_ge said...

Terima kasih Kisanak tembang ini sangat bagus, mohon ijin untuk nengunduh dan menggunakannya dalam ibadat di kediaman kami. Matur nuwun.