Friday, February 12, 2016

SERAT WEDHATAMA : Podo 15-32 SINOM : Sembah Cipta/Kalbu/Tarekat

Yen dijupuk arti wantah (jv.wikipedia.org/wiki/Sinom), sinom maknané godhong asemgodhong asem sing isih enom utawi rikma ingkang wonten ing palaparan, alus lan lembut sanget. Pramila menawi srawung ing bebrayan ngendikanipun kedah alus (boten klemak-klemèk) ingkang saged andayani tiyang ingkang kita ajak ngendikan punika kesengsem, linambaran polatan ingkang sumeh, grapyak lan semanak. Ing Macapat, sinom nduwé sipat kang isih enom. Kaya déné bocah cilik kang lagi ngerti ndonya.  Watake grapyak semanak ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggone wong anom supoyo bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe..